Skinfosuneta.com versi Bahasa Jawa. (Geguritan) Warsa (Tahun) Keprihatinan Tengara Apa ?.

IMG 20260216 WA0032

Bojonegoro I skinfosuneta.com,-URIP Pancen yen nemoni kahanan angel, bakune tetep aja da paedo lan paedonan. Nanging kudu bisa ngempet kang pinuju congkrahe sepadane.

Hati utawa manah kudu tansah tentrem, yen nyambut gawe Karo seneng.
lah opo ta dulur, ati lan anggit tansah kudu srehi. Opo to kang dadi jalaran?. Kudune ayo padha ngresa diri pribadine dhewe dhewe.
Pancen Kabeh mulai sing Nom-noman nganti sing wes dewasa, yaiku padha pingin urip mulya. Lha jare pangandikane saka para winasis, yaiku pingin urip mulya, kudune gelem rekasa.

Bacaan Lainnya

Pancen yo ana, tanpa rekasa nanging diarani mulya dening para mitra, tangga uga keluwarga.

Perlu di mangerteni, bab nasib, rejeki iku wes ginarise Gusti. Nanging jalmo manungsa ( uwong) iku mung wajib usaha utawa ikhtiar. Dening bab kasil lan orane iku urusane sing ngecet lombok utawa sing mbatik ‘Lar Merak utawa kupu’. “Sapa iku sing ngecet utawa sing gawe warnane Lar merak , lan corak utawa motipe kupu ?. Yaiku Gusti Allah, SWT.”.

Keprihatinan kahanan saiki ora mung prasasat di rasakno uwong akeh.
Sambat kena, Nanging sambat kang di rasakno uwong akeh iki, aja nganti dadekne pasulayanan .

Kahanan keprihatinan ngene iki, bisa uga sing sugih uga kepikiran lha sing ora duwe menawa ya kebingungan.

Lha mula ayo padha nastiti lan ngati-ati. Jaga pangandikan lelaku. Ojo nganti dadekne kemrungsung e siji lan liyane. Banjur nganti dardah pasulayanan lan gegeran.
Tansah sesambungan rembuk kang ngreboko, bisa gawe kasantausane Urip.
Senadjan beda Drajat, pangkat lan uga kaduwenan. Nanging yen padha rukun. Mula bakal tumuse Urip ing alam bebrayan iku tentrem, bahagia makmur lan dibanggakno utawa di-kuya-kuya lan di alembono.**(bersambung)…..
***(Ekopurnomo).
-Loy out & Penayangan: Muhammad Iqbal Zulfikar, S.Kom.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *