1001 Wernane Tumuju Kanggo Golek Dalan Panguripan ?.

IMG 20260228 WA0001

Skinfosuneta.com
versi Bahasa Jawa.
(Geguritan)

Bojonegoro I skinfosuneta.com,- URIP Iku bebasan mung sardermo mampir ngopi (Ngolah Pikir) lan Ngombe minangka,(Ngombong besok /pepeten mati). Enek padhang enek peteng, lan duwe Kewajiban dhewe dhewe. Seje uwong seje katiyasane. Lan ugo dhewe dhewe bageane. Mung ojo nganti gawe suloyo ne liyane. Yen butuhan wes cukup yo ben-o, bek menawa uwong liyane uga mbutuh-ake.

Bacaan Lainnya

Lan macem cara golek anggone golek dalan pangane awak-e dhewe lan ugo keluwargane.

Enek kang dadi Tukang sayur, ugo enek sing dadi Insyinyur, uga enek kang dadi bakul bubur. Pangupaya ngrengkuh gegayuhan kamuktene urip, ora sak gampange ( nayohe) wulak walik ‘epek-epek’ tangan.

Jare ibu Waljinah, “Hayo ngguyu..Kena ngguyu nanging ojo seru-seru”.
Gumuyu biasane kasil gegayuhan opo wahe. Nanging ojo ngguyu nganti lali jejibahan, kang utama.
Ojo rumangsa lan keduwung marang kang wes ucul saka awak-e dhewe.
Ojok kedumel yen rumangsane klalen ora kuleman.
Lan ojo nganti nandur sifat drengki, meri, srehi.
Nanging kudu legawa ono ing pranatan urip.
Jalaran iku bebasan mung mampir ngombe. Geneyo sregep padudan marang Tonggo teparo utawa tonggo kiwa tengen.
Nanging ojo mligi, durung jajal wes nganggep takdire Gusti Allah.SWT.
Ora kena mangkono iku, nanging kudu gelem mbudidaya, senadjan mung sak ngisore wates dayane.
Kog sak ngisore?.
Jalaran wes nganti pepek mampune nanging ora kasil. Banjur kepriye ?.
Lha dayane wes pupus.

Raenek Pupuse Langkah Yen Tansah Gelem Upaya

PANCEN Pingin mamah kudune gelem obah, nanging aja kakehan setilah.
Bebasan pingin kaleksanan gegayuhan ora cukup mung Sendakep utawa ngleker tangan. Nanging kudu gelem krembyah, aja nganti kalah Karo pitik.
Mergo pitik ora luwe utawa lesu, dhewekne gelem ceker. Geneya uwong kang komplit kaparingan urip, nafsu lan pikir, kog mbideg , khan ngeman-emani. Dawuh Pangandikane para sesepuh lan pinisepuh.

Aja padha nelangsa, jamane jaman rekasa.
Panguripan yen kahanan angel, kudune ora kakehan ngomel lan nggedabrus kang kosong blong kaya dening umplung kothong, yaiku mung klonthang-klontang.

IMG 20260228 WA0000

Tutug-ke rembug, aja nganti putus arepan urip, yen tansah ngalami katiwasan/kegagalan, saben mbudidaya. Tetep semangat aja leren mikir lan ngudi karya, kang bisa kagayuh sentausane urip ing alam dunia iki. Lan aja nganti ninggalake lakon kang minangka kanggo selametanipun ing alam kelanggengan suk yen wes titi wancine di pulung dening Gusti Allah, SWT.
Kanti sesanti Rahayu Rahayu Rahayu.”Jer Karta Raharjaning urip, nawa karya. Sura dira djajaningrat lebur dening Pangastuti”.

Matur nembah nuwun, dumateng Rama bapa Guruku ingkang paring pasinauan nyerat ing babagan kabar inggih punika Bapa Guru kulo, Ingkang Minulya Bapa H. Yusuf Susilo Hartono. Ugi Ingkang Minulya Bapa KH. M.Chozin Adi Saputra.
Mboten kesupen ugi Salam kinurmatan mitra seratan basa Jawi, inggih punika Kang Mugito Citra Pati ( Majalah DJaya Baya), dening Kulo Dateng Majalah “Panjebar Semangat”.**(bersambng)….
Nuwun.
***(Ekopurnomo).
-Loy out & Penayangan: Muhammad Iqbal Zulfikar, S.Kom.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *