Bojonegoro I skinfosuneta.com,- SERATAN Jawi iki, ngemban dawuhe priyayi kang bungah ana Wigati seratan pawarta kang nganggo basa Jawa. Yaiku priyayi kang pakaryaning minangka dadi salah sawijining penasehat hukum (pengacara) kang asmane Kang Mas Anjas, M.Hum.
Pancen ora nyana rikala panyerat lagi ngayahi jijabahan rikala ana pangeram-ing Tlarah Pungpungan laladan Kalitidu kadipaten Bojonegoro.
Kang Mas Anjas, ‘Dawuh..mas , tolong ndamel seratan Jawi. Kados Rikala taksih Dateng Majalah ‘Panjebar Semangat’ rumiyin. Tema utama judule “Nguri Nguri kerukunan Tunggal Bangsa”.
Jalaran sakniki wancine pengetan Sasi Kemerdekaan Republik Indonesia. Kulo pidados mas Eko, mesti saget pados bahan bab kangge waosan, mesisan Nguri-Nguri basa Jawa..!”.
“Benjing Rabu (26/8/2026) Mangga/Monggo sareng ngopi pinanggihan dateng Bojonegoro.”, pangajak’e Kang Mas Anjas utawi ingkang di wastani/kawisnatan Pengacara Bojonegoro Go Internasional.
Wangsule panyerat ‘Insya Allah ‘ menawi kulo longgar. Babagan seratan Jawi, tetep kulo damelaken, cuma ngopi ne insya Allah, kemawon.
Amargi kang dipun kersa-ake kang Mas Anjas Babagan ‘karukunan sepadane bangsa’.
Banjur panyerat buka kamus SONETA GROUP.
Ing pengetan Sasi Agustus kang Minangka Sasi sejarah Bangsa, mulane akeh panggon wiwit saka kutha nganti, ndesa, pucuk gunung. Akeh kang ngramekno suka pari suka, wiwit bocah cilik nganti uwong tua, akeh kang Minangka dadi pelaku keramenan uga mung dadi pamiarsa (penonton).
Anane kahanan kang ngana iku mertandaake jiwa kebangsaan kang Adiluhung, guyub rukun sepadane bangsa’, Senadjan beda rupane kulit, beda derajat Pangkat, beda paduweane, padha berbarengan anggone paring suka pari suka paring panglipur marang tunggal bangsa.
Pangejawantahan lirik utawa tembang Pitutur Luhur saka ingkang minulya Bapa utawa kanjeng Rama Rhoma Irama, kang mratelaake mangkene:
“Siji manah, siji rasa, siji negari Indonesia.
Aku remen, awakmu remen, Kabeh remen Indonesia.
Nelangsamu nelangsaku, bebungahmu bebungahku
Mrengguk tangismu uga tangisanku
Guyumu uga ngguyuku
Senadjan awak dhewe dhewe aduoh ana ing sabrangan gunung (Wredi), senadjan ana ing sebrange nusa, senadjan ana ing sabrangan segara..
Awak dhewe Kabeh tetep siji…
Senadjan awak dhewe basa daerah utawa basa suku, senadjan beda suku, senadjan beda Agama.
Awak dhewe Kabeh iki tetep. Yaiku Tunggal… INDONESIA.
“Aja padha ngina lan ngremehmo sepadane bangsa’, senadjan beda kaduwean.
Amarga salah ing pangucap bisa dadi dalan kacilakane awak.
Aja ngambrawara kahanan kang ora bener (fitnah) tumprap sepadane.
Resikna manah (ati) aja gething marang sapada yang ora ana jalaran sing mesti.
Lan aja gething antarane suku siji marang suku sijine
Jalaran awak dhewe iki siji bangsa lan siji basa kang padha
Yaiku basa Indonesia
Bhenika Tunggal Ika lambang Negara Indonesia
Senadjan maneka agama, nanging kabeh iku kekarepan padha.
Yaiku manembah marang Gusti kang Maha Kuasa.
Ngertia urip ing Indonesia iki, sumebar ing ewunan Nusa (Pula), atusan Suku lan budaya uga basa.
Bisa-a, padha ndadhekne paugarane urip ana ing Alam Dunya iki..
Sareh, sabar, nriki lan uga Matur Nuhun rejeki saka paringane Gusti Allah SWT, kang bisa kagayoh kanggo sangune urip lan bekal Urip ing Alam kelanggengan yaitu alam Akhirat.
Pangandikane Rama Rhoma Irama,”Yen dikarepna golek masa depan kur arupa bisa tuku omah lan sedan utawa Alphard. Kui bakale rugi yen ora diimbangi tumindak Taqwa.
Jalaran Masa depan sejati, yaiku kanti golek sak akeh-akehe kang enek gandheng cenenge biji ngibadah.
Ing pangajab, ngayuh kerukunan urip ing Alam bebrayan, bisane luwih apik lan becik, pancen nandur kaluhuran budi Pekerti.
Mung anggel miwiti. Jalaran saiki wes rada rausum sapa sing mratelaake. Jalaran pingin nggayuh melu pitutur luhur nanging kahanan ekonomi kurang ngranggulangi kang di wenehi pangerten ya ora payu.
Jalaran kaduwean Ekonomi saiki dadi petung kang Wigati.
Nanging yen kahanan sugeh bandha senadjan kurang duga , ya di gubris lan didadhekne paugaran.
Aneh pancene, nanging kasunyatane ya mangkano iku.
Mula iki mung atur sapala wae, ora Pitutur.
Jalaran uwong ora duwe kog atur pinutur.
Tiwasan ngecipris nanging kur dadi Guyonan.
Paugarane urip, tansah mbudidaya ing ngarsa sun tuladha ing madya Wangun karsa, Tutwuri Handayani.
Sura dira djaja ningrat lebur dening Pangastuti.
Rawe rawe rantas malang Malang Putung.
Rahayu kang tansah pinanggih.
Luhur Bhakti ikhlas ngudi lir ing sekabehane bebaya.
nuwun.**(Eko-Zulf/red).






