Tengah Ratan Aspal Kog Ana Tulisan Dijual.

IMG 20260228 WA0370

skinfosuneta.com
(Versi: Basa Jawa).

Bojonegoro I skinfosuneta.com,- LHA Mosok pihak kang duwe wenang durung ngerti, yen tengah Ratan Aspal sautarane 173 meter saka telon pojok Lor etane balai desa Wadang kecamatan Ngasem, ana banner tulisane di ‘JUAL’. Ratan jurusan Wadang – Sidokumpul desa Leran kecamatan Kalitidu. Miturut uwong nggawa suket maeng awan (27/2/2026) mratelaake yen ratan Aspalan iku biyen statuse ratan Desa Wadang kecamatan Ngasem, lha Aspalan e menawa ya Pemdes Wadang. Tapi nyonyot koyo lorong kebo jamane biyen. Lha menawa ya dilewati kendaraan muatan asil pertanian. Saiki banjur, ‘nyonyot’ dadi kubangan kaya Jomblang/kolam panggon omben kerbau. jajal takok no pamong utawa bu nggi.

Bacaan Lainnya

Sak Banjure penulis menyang nok omahe kasun Wadang M.Fauzan, nanging ora ketemu. Mung ketemu bojone. Bojone mratelaake yen pak kasun Fauzan, ‘lungo/pergi’ mbuh nok Endi.

lha pe menyang nok kades Wadang, jarak e lumayan aduoh, kog jare biasane dino libur ngene iki, jarang nok omah.

Petung panas campur sumuk kaya dene arep udan, wes balek ngetan nerusno lakon “Berkelana”. Yaiku ngliwati Banner tengah Ratan sing ana tulisane ‘Di Jual’.

IMG 20260228 WA0371

Banjur pitakon uwong arepe lungo, mandheg sak etane cincim (Treteg/jembatan), uwong sing ora gelem di potho, mratelaake mangkene..”niku mpun dados ratan daerah tembusane Sidokumpul – Wadang – Jampet. Terose mekaten pak. Lha niku terose malih ngeten, niku Aspalan percobaan. Terose duka binjing nopo badhe di rigid kados sembungan etan kulone niku. Lha panyuwune warga inggih Enggal di dandosi. Amargi, lor kidule jeglongan niku nggeh miring to pak. Lha saene pundi.. saget e Enggal di dandosi. Tur nggeh badhe lebaran lho nggeh. Lha nggeh duko sinten ingkang Maringi tulisan niku. mpun nggeh, kulo nggeh ngongsrong panasen bakdo pados pakan sapi terus badhe lungo tilik bateh teng Kedungrejo. mpun nggeh”.

Lha mugo mugo senadjan durung di urug/ tambal, ora ono uwong jungkir walik jalaran kebleset.**(Eko-Hang-Zulf,Zulf/red).

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *