Bojonegoro I skinfosuneta.com (Versi Basa Jawa-red). SAUTARANE Tabuh Telu luwih sithik. Ana suara Adzan Shalat Ashar di Mushalla lan Masjid ing sak kiwa tengene kantor kecamatan Tambakrejo.
Sak banjure si Soerjanto taren marang Bopo Camat Tambakrejo HM.Zenny Bachtiar SSTp. MSi.”Pak kulo Adzani, nggeh?”.
“Yaa Mas”, Ngendikane pak Camat, kang uga Putrane Camat (nganti Pensiun : Yth. Bapak HM. Anwar, S.Sos.(Alm).
Sak rampunge sholat berjamaah ing Mushalla kang ana ing area (jeroning Pager ) Kantor kecamatan Tambakrejo. Seusei Sholat , sahrehne cuaca mendung lan isih nempuh laku (sepeda motoran tumuju mulih ing Ngulanan, adohe isih adoh (54 km), mula banjur pamit mulih marang pak Camat lan staf kecamatan , yang isih ana ing Mushalla.
Sautara 2 KM, ing sak kulone Prapatan Kaliaren, nemu ‘Nai’ (Anak kucing-red) isih cilik cilik. Sak banjure anak kucing mau dhening skinfosuneta.com ,(21/1/2025) di wadahi kresek sak anane.
Tumekan pasar Kaliaren, diwenehi kerdus ben rada gampang nggawane.
Nanging dasar Kucing… bandel amit amit, angger angger ‘mendhusul’ pingin ‘koprol’ ko motor. Apa mbuh terahe putus asa apa sumpek masa depan.
Pokok e, rada nyusahke lah.😁😁😁.
Saum pamane dhekne ko motor pas tak gawa, terus keplindes..lha apa gak malah nambahi dosaku”. Pikirku.
Supaya padha amane, anggonku numpak motor karo gawa momongan anyar itu..ya Aluuuun…alun, supaya pada nyamane.
Merga pegel tanganku, leren sedhela nok warung kopi pojok Puthuk Kreweng, ketemu konco Wartawan ‘Pak Sami’an’ Karo pak Mantri Perhutani RPH Gledegan Wulyono, uga bapak bapak liyane. Ngrewangi ngrekakno.
Ora keri, ibu pemilik warung Maringi Lele goreng karo tahu marang kucing. Supaya si kucing mau gelem mangan lan tenang, si Pak Mantri ngrekakno mbungkus ing kardus, lha bu warung menehi Tas supaya gampang anggonku gawa.
Bla..bla…bla kayak-e wes nyaman. Lha teko kidule kantor Polsek Gayam, lha kog padha kathing pendhusul.”Biyuuuh..Cing..cing..Angel men kandhananem..heeh. kui kucing tenan po demit. Wis meh pe Maghrib, omahku ijek adoh, kog ruwet”.
Banjur pas ngarepe kantor Polsek Gayam, ana Mbah Nang pe budal berjamaah sholat Maghrib, pokok e ‘Bismillah” tak sambati..”Assalamualaikum..kung, kulo ngampil pisau nopo gunting, kulo damel mbokongi tas (Zak), niki anak kucing, mbah’.
“Oh nggeh.. nggeh ”
Ringkesse cerita.. langsung zak tak bolongi, banjur tak taleni singset. Terus aku pamitan, numpak motor ku langsung Banter, mergo ijek sautarane 27 km.
Alhamdulillah.. tekan omah aku isih duman wektu kanggo sholat Maghrib.😁😁😁🤝🤝.
Alhamdulillah..saiki kucinge wes damai karo putuku.
Mugo mugo kucinge nyaman melu aku lan dadi anggota keluarga ku, yo Cing.
Pangapuntenipun nggeh, para maos, niki lho kucinge..sampun saget dolanan kalihan putu kulo si “Eka Ainun Prasetyo Witjaksono”***(Eko P-Zulf/red).






