Bojonegoro I skinfosuneta.com,- KATON Resik, lapangan ing wengkon Ngulanan Laladan Dander, angger enek sukete nyrongot, petugas bagian resik resik lapangan, banjur nylenger alat cukur suket.
Petinggi Ngulanan Suyono, mratelaake, pancen kahanan lapangan kudune resik ben katon apik.
Jalaran sing nganggo bal-balan ing Lapangan Putu Wongso iki ora mung para nom noman Ngulanan dhewe utawa ‘thok’, nanging uga para taruna bal balan saka manca desa.
Lha semana uga, nak Bar di panggoni acara gedhen, iyo langsung di resik – i, ben sak wayah wayah ape enek acara sak rampunge di enggo, cara istilah saiki “ready”.
Abbi Suyono, uga ngendiko,”apa karepe Kanoman Ngulanan pingin piye, pokok e Pemdes Ngulanan mangestreni (mendukung) angger apik rukun sak koncone, sak tanggane, senadjan umpomo dhewe organisasi. Butuhe rukun mbangun desa Ngulanan supaya maju, nanging tertib, sopan. Mergo Dhuwure langit iseh ana langit.
Pokok e nok Ngulanan, tak terapno ‘trep-no’. Bebas tapi tahu batas, melanggar batas yaa raentuk. Utawa kaya lagu “Dilarang melarang kesenangan orang.
Asal tak mengganggu lain orang.
Dilarang melarang kemauan orang, asal maunya yang tak terlarang”, wes ngono ae, guyup Rukun berbarengan mbangun desa”, Dawuhe Bapa Inggi Suyono.**(Eko P-Zulf/ red).






