skinfosuneta.com
versi: Basa Jawa.
Bojonegoro I skinfosuneta.com,- INTRO ne nulis profile Petinggi Sumberjo Kenthong kecamatan Trucuk H.Soehirman,”Cilik-cilik sregep ngaji, nak saiki dadi petinggi. Jaman nom-nomane sregep tani, rikala dadi Jogoboyo nyambi adol tuku wedus & sapi (Polang).
Cerita ne jlentrehe mangkene, Mbah Kung ‘Haji Hirman’ (Sapaan akrab kades Sumberjo Kenthong kecamatan Trucuk).
Pancen kawit cilik ‘Kung Hirman’, iku putra saka mbah Haji warga desa Ngablak. Tergolong nominator 10 Gedhe (Sugeh/luwih saka cukup). Saka Pitung warga desa Ngablak kecamatan Dander.
Kung Haji Hirman , wiwit ing umur kagolong ijek bocah nganti remaja utawa nom. (Zaman cilikane) , yaitu sregep,utun, wis tinandur pribadi kang: gigih, percaya diri ,lan mumpuni.Ugo pinter pokil/bisnis.
Nak mratelaake rikala isih Sekolah, nok SMP Islam (komplek area Masjid Darussalam) Bojonegoro, Ngablak – Sekolahan Bojonegoro mlaku (8.240 meter), amargo ratan isih ndut/linet lan liwat Ngulanan, nyabrang treteg cilik perbatasan Ngablak – Ngulanan. Lha angger udan deres, uwote treteg ‘kintir kali’.
Nganti geleg kintir kali nangsang sak lore kuburan Ngulanan (tangan kiwa nyekeli Tas, tangan Tengen ‘Kethawe-Kethawe’ melahi piye supaya bisa nempok.
Mangkono iku yo di lakoni suwene 3 tahun lawase.
Liyane kuwi, rekasane maneh Yen wayahe Sekolah yaiku budal e isuk bar sholat Subuh ijek peteng barengan bakul kembang pe budal nok pasar Bojonegoro, Pumpungan, Kalitidu. Luwih luwih wayahe jam pelajaran olahraga,budale luwih isuk maneh. Jalaran jam 5 (lima) esuk kudu wes olahraga. “Ngono iku rikala sarapan blendhung/rebusan jagung tua di wenehi uyah karo klopo parutan.
Sak liyane di pangan nok omah ya nggowo di lebokno tas. Di pangan Angger leren. karo ngombe banyu Nok kendi ngarepe omahe uwong.
Biyen adate pancen saben ngarep omah pinggir Ratan enek kendi cawisan kanggo uwong liwat menawa ana sing ketelak”. Ngendikane Kung ‘Haji Hirman’.
Rikala remaja utawa nom noman, Kung Haji Hirman sak liyane tani nandur lombok ijo lan lombok tampar uga Karo dadi pengepul Lombok saka tetangga sing panenan.
Di tlateni malah mendukung sang Kakak nya (Mas-e) sampai lulus kuliah. Nganti dadi kepala sekolah lan (Kang-mase) intuk ijin uga dadi Petinggi/kepala Desa Ngabak 2 periode (Pak Haji Hanto). Blaa..bla…
Hijrah/Nyabrang Bengawan Solo, tumuju Sumberjo Kenthong, Mergo kesengsem karo ‘cewek’ pawongane kang gandes luwes, Edi peni. Warga dusun Kenthong Desa Sumberjo kecamatan Trucuk.
Polatane Mbah Kung Soehirman, Senadjan Sugih sembarang cukup Nanging ora prenlente (akeh gaya zaman semono) ora pakaian dinas, tapi kesohor Juragan Lombok, putrane mbah Haji Ngablak/adik-e petinggi Ngablak Pak Guru Haji Hanto.
Jalaran Pemikirannya kang brilian,tansah langkah mesti.Kung Haji Hirman, (muda). Nganten anyar langsung buka toko material lan uga molang Sapi, Wedus.
Nak dino kamis nok pasar sapi Halte etane stasiun sepoor Halte Ngrowo (Bojonegoro), Jum’at nok pasar Sapi Jatirogo, Minggu pasar sapi Tuban.”cilik’anku senadjan krungune uwong uwong aku anak e uwong sugih, tapi aku pancen uga sregep makaryo. Sautarane wektu sekolah, aku yo dodolan ndhog bebek godhogkan, Karo jeruk pecel tak dol nok kantin sekolahan.
kadang mulih sekolah ijek kadang diutus Bapak/ibu, ngirim sego nok sawah kanggo uwong kerjo Nok sawah ‘Dingen/perbatasan Sale-Kedungrejo’. Gengsi ra kepikiran, butuhku Sinau, ngaji, mergawe. ngono terus.
Pas moncerku ya wayahe duwe truck 2, wes pas kuwi jenenge duwek ya kari nglempat nglempit ae, jarang ngitung.
Angger jare pas yo pas. Ora dnjlimet.Amarga angger
Kula’an sak mene di dol semene, mesti ya wes ana bathine. Hehehehe..
Ndjuragan pupuk Anyar- anyare pupuk ponska nganti entuk predikat minangka Juara lan entuk hadiah. Sak liyane dodolan pupuk, Ugo nare bakul kayu jati, gelondongan. Kirim nok setor Gresik, Madiun.
Biyen biyen kae yo nate bakul mbako ‘dhelegan’ kanggo uwong uwong jaman semono akeh gawe lintingan, bakul nok pasar TOBO Purwosari.
Sak Banjure Mbah Kung ‘Haji Hirman’, wiosan warsa 1958, uga ngendhiko, bilih panjenenganipun ngasto minangka Petinggi Sumberjo Kenthong, sepisan warso 2003 suwine 8
tahun. Banjur ngangso salira/istirahat rong periode, yaiku di Asto dening Madina banjur Saekul.
Sak suwene istirahat dadi petinggi, kung Haji Hirman, Full utawa fokus nok Babagan Pertanian ugo mbayoni sawah (arealan).
Banjur ana wektu maneh, banjur melu kompetisi maneh, Alhamdulillah entuk amanah maneh saperlu mimpi wewengkon (Petinggen) Sumberjo Kenthong, nganti saiki warsa (2/3/2026). Oh ya Lha rikala Jagabaya nyambi jual material, pokok-e sing ora mambu, sak liyane adol tinuku wedus nok pasar wedus Kalitidu, Singgahan, Parengan, Prambon.
Minurut Dawuh pangandikan Mbah Inggi Sumberjo Kenthong. Supaya kasil iku kudu gelem sregep Mbudidaya lan tansah nyuyuwun marang kersane Gusti Allah SWT.
Jalaran kasil itu , ora sak gampange malikno epek-epek utawa telapak tangan. Nanging kudu kanti ikhlase ati lan ora usah ngomel yen ora kasil. Tetep semangat lan nggedhekne atine dhewe. Semboyan Aku kudu kasil. Ngono”.
Berarti, senadjan warisan sak harat harat tetep di pertahankan, kung ?.
Warisan lha’ sukben. Tapi prigele diri pribadi, kudu dienggo kanggo bisa berdikari. Ojo sregep sambat, nanging sregepo sing opo kang kudu di ditindak no. Ijasah SMP Islam, ya sing tak enggo daftar Dadi Jogoboyo, terus daftar petinggi.
Wes..ku yo pe sholat dhuhur.”, Pungkasane Ngendikane mbah inggi H. Soehirman.
“Ugo disyukuri marang Gusti, kang dikersane Bisa Ngibadah ana ing tanah suci (Haji), uga umroh wes ping luwih saka sepisan. Kajobo saka kui, para putra putri kung H. Soehirman, yo wes podho mandiri.
Saiki uga bisnis lemah kanggo real estate (perumahan) nok sumberjo Kenthong, mbuh isih pirang kapling.
Bagagan profil iki, Menawa bisa dadi tuladha marang liyan sing gelem.
Nuwun.**(Eko-Zulf/red).






