Bojonegoro I skinfosuneta.com,-OPO Tumon, Senadjan, Di Kritik Babagan Panganan Bergizi Gratis, kog ijek kur mung telung werna (Jenis), yaiku Jambu Cristal , ndhog, Karo jajan sijine sak werno rong iris menawa Sewu repes.Tur maneh jatah kelas SLTA.
Ngentiku maeng dino Jum’at ( tanggal 26 /2/2026). Ing Laladan Pinggiran kota Bojonegoro.
“Dik..iku apa ?”, Pitakonku.
“Jatah MBG” wangsulane.
“Jajal ndelok Ning Cantik”, panyuwunku.
Terus di buka, di lalah, kur sing tak fotho iku.
“Ning manis, iki maeng wes mbok dahar opo durung ?”, Pitakonku.
“Dereng, kulo Syam (Puasa)”, wamgsulane cekak.
Dilalah, uwong sing ngerti, melu nylethuk,”Ngoten niku kangge lare kelas Lanjutan pinten, to pak. Kog kados jatahe lare SD ?”.Pitakone warga kang melu nyedhak’i penulis.
Nanging ora Angger MBG Ngono kui, maeng ora sengaja, kog enek siswi nggowo krentil-, krentil gawa jajan awan awan, wayah sasi Poso.
Dilalah……Ngerteni kahanan ngene iki, kog malah ijek dodhro , banjur piye tanggung jawabe kang menehi gagasan (program), kang nglakokne, kog nganti kayadene keblasur raenek bare, sing mangkene kagolong lelaku bathil rega, yen pancen jatah MBG regane sak ngisore wates kang mesti.
Nak dek biyen, nok langgar/mushalla uga ing masjid, ono tradisine sing pujian Karo ngenteni Imam-e sholat berjamaah. Biyen, unine pujian mangkene,”Perkara riba ojo di bagi, godane setan ojo turuti.
Lha opo jalaran wolak walike jaman, banjur salah rungu. Mula dadine,”Perkara (Babagan/,hal) Riba hayo di bagi (di-endum), godane setan ayo di turuti”.
Hehehehe…Kujur..Rujak Cingur. ilang rujak e kari Cingure.
Nuwun..***(Ekopurnomo).






