Uwong Loro Warga Desa Jari Laladan Gondang, ilang Kintir Kali Banjir Bandang.

Img 20241224 Wa0001

Bojonegoro I skinfosuneta.com, (Versi Basa Jawa).

Warga desa Jari Laladan Gondang,
Sukarbin (45) Lan Dinik (43) warga Desa Jari RT 06 RW 03 Laladan Gondang Kadipaten Bojonegoro, jare kintir banyu kali, bar dik wingi Minggu (22/12/2024).

Bacaan Lainnya

Jare dadi golek ‘ane pihak sesambungane Babagan uwong ilang nganti seprene/dino Senin (23/12/2024) bengi uwong loro kasebut ing dhuwur maeng.

Data utawa kabar kang dirungokne para kang kajibah pengkabaran (pawarta ukara) dikandhana yen uwong 2 (loro) kang di warta ke ilang kang jare kintir ing kali Desa Jari laladan (Kecamatan) Gondang, dina Minggu esuk Pawongan loro iku , kawit esuk, Minggu (22/12/2024) budal menyang tumuju ing Tegal kang jarak soko omah sautarane ±2 KM , ngliwati kali loro cacahe.
Miturut gunemane warga.

Img 20241224 Wa0000

Sak banjure, sautarane tabuh 14.00 WIB enek udan deres, kang ndadekne kali amber kemrambyang, nganti tabuh 18.00 WIB utawa jam enem pe bengi, lha uwong loro iku mau kog durung mulih, mulane warga jari, sanak kadang tangga teparo, saiyek saeka Praya , pada tumandang nggolek-i ing sak kubenge Tegal duwek-e uwong loro , nanging ora ana/Eneng.

Mung wahe anane, anane kang ditemu yaiku jilbab lan mantel, menawa duwene uwong loro iku mau. Panggoni ing pinggir kali, sautarane 100 meter saka omahe.

Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Bojonegoro, TNI, Polri, Dinas Pemadam Kebakaran dan Penyelamatan (Damkarmat) Bojonegoro, Satpol PP Gondang Lan POTENSI SAR tumindak nggolek-i nganti dina Senin (23/12/2024) nganti wengi ijek durung nemuk-ake.

Petinggi Jari Paryono di derek-ke Kepala dusun Jari Sarwono, Kasun Trenggulunan Sidik , Kasi keu Mutaji, mratelaake, yen kang kaduga Kintir Kali iku duwe anak loro Yaiku kang mbarep jenenge Frengky kang lagi lulus SMA lan adik-e sing isih kelas 2 SD. “Bengi iki (Senin 24/12/2024) rapat kanggo sesuk (Selasa 25/12/2024). Sak naliko iku, anakke mbarep nggolek i ra ketemu, terus Kondo tangga-tangga melu nggolek i, pancen aku ora dilapori, nanggung krungu dan ngerti, langsung aku repot/lapor nyang Forpimca Gondang. Sak nalikane kui pak camat Gondang langsung lapor nok BPBD, Basarnas, langsung tekan Jari sautarane jam suwelas bengi langsung Plesiran nggolek i bareng warga nganti sak durunge SUBUH. Bar Subuh budhal maneh nganti sore, ijek ora ketemu. Kami minangga Pemerintahan desa melu prihatin, lan dedonga supaya warga desaku ndang ketemu Kanti kahanane Selamet. Mergo sak liyane minangka keluarga kagolong kurang mampu, dhekne duwe tanggungan anak cilik kang isih mbutuhno biaya lan kasih sayang. Lan minangka Petinggi, kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sedaya kemawon ingkang nderek nderek sabiyantu madosi warga kulo, termasuk warga tanggi desa Gondang, Pragelan, Senganten, Sambong. Tagana, Basarnas, BPBD, PMK, Forpimca Gondang. Lan sanes sanesipun. Niki ingkang saking Basarnas Sipeng/istirahat teng griya kulo, mas. Binjing dipun lajengaken pimadosan (pencarian-red). Mekaten “, Ngendikane Petinggi Jari, Paryono. (Bersambung…)***(Eko- Zulfikar/red).

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *